GERONGI
Nggugu kersane priyonggo
Wajibe wong tuo mono
Nora nganggo peparah lamon angli
Didik putro wewarah budi pakerti
Oong……..
Lumuh ingaran balilu
Ilmu kaweruh kang luhur
Oyayoao2x
Uger guru alemah
Olah rogo kang mulyo
Anane koyo kue
Nanging jalmo ingkang wus waspadeng semu
Nanging ojo nganti due ing sesatru
Oyayoao2x
Sinamputing samudono
Pinethuking polokromo
Sesadone aduh manis
Murihe urip kang mukti
Gotong royong nyambut gawe
SULUKAN
Mruhing mongso madyo raras rinaras jatining kondho
Kudup kumedap koyo kedeping kenyo kang tinalikromo
Karono karem tan karenan ron ron panjraheng siti
Rep tidem premanem pranaweng tri loka
Taman condro kirono rum endah angelelo pinarbaweng suryo ratri sinawung gitaneng poro brahmono
Ingkang kapadaningsih dupe mulat madyaning ratri kekayon mboten kacarito namung ngancik goro-goro
SULUKAN GORO-GORO
Isine kang goro-goro
Bumi langit gonjang ganjing
Ong….
Oreg obah kapratolo
Lindu ping pitu sehari
Ong….
Omeb kang jolonidi
Gumaludug Guntur gentur
Ing…..
Solaheng poro jalmo
Pati-pati ambentusi
Sore – sore neng latar karo kancane
Rame-rame tetembangan sawernane
Konco ayo konco konco sing prayitno
Ojo do sembrono ayo mbangun deso
Lawong koewewe sing marah-marahi
Ngidul saking toko gelung ciplik nganggo cipir
Minggir mas minggir mlipir mas mlipir
Dari gembiro loko
Gelareng pertaman candi bengawan
Pertapan candi bengawan papan sepi tanpo sembowo
Naming sembawaning grojogan tirtaning lumintu saking pucuking argo minggahing pategaling
Ndadosaken asri ulu wektune bumi
Gedang ambon sanggon-nggon gedang rojo sadempo-dempo
Uwi lan gembili sakendi-kendi
Lombok lan terong robyong-robyong
Satane Katon ijo royo-royo
Wijine pantun sinebar babar wiyar-wiyar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar